Kamis, 06 November 2014

Andai engkau berhati mulia mendengar rintihan hati ini

Pas kowe lara, aku selalu berusaha ngancani kowe, selalu berusaha nang sandingmu, meskipun pas aku lara kowe ra pernah ono nang sandingku. Naliko kowe kepengen opo, aku berusaha nduruti kepengenanmu. Kowe pengen dikancani, aku mesty teko. Nanging opo kowe sadar nek kadang aku yo kepengen mbok kancani ning kowe trimo lungo karo kancamu. Saban aku arep lungo, aku nembung sikek karo koe etuk opo ora, ning opo pernah kowe lungo nembung karo aku? Boro - boro cerak karo lanangan liyo, kekancan wae kowe ora oleh, aku manut karo koe, ning opo koe sadar nek kancamu wedok akeh. Bahkan kowe lungo karo wedokan liyo tanpa kowe ngomong karo aku. Opo kowe sadar naliko kowe nglakoni ngono kui. Mung arak nebeng wong lanang liyo wae aku rawani, kok kowe lungo boncengan karo wedokan liyo tanpo pernah ngomong karo aku? Wong kantor, konco sekolah. Kowe ngopo wae mesty tak kancani, ora wani yen dewe, tak kancani. Kowe ki wong lanang ning ora kendel, aku trimo ngalahi opo - opo aku sing maju, kowe mung mbuntuti, kui kabeh tak lakoni mergo aku sayang karo koe. Tak belani mbolos mung nggo ngancani kowe, tekan Semarang tak terke, bahkan tekan ngarep lawangpun tak terke, demi koe ben koe ki nduweni semangat nggo awakmu dewe, ora ono duit tak usahake ben kowe mengkat, opo koe sadar karo pengorbananku? Tak lakoni gonta ganti nomer nduruti kowe nganti aku isin nek ono perlu karo wong penting kok nomerku gonta - ganti. Kowe ra sreg karo wong tuaku, aku yo ra pernah mekso kepengenanku karo kowe, aku trimo ngalah ben kowe ki tetep karo aku. Opo kowe ki sadar iku kabeh? Aku berusaha mbaur karo kancamu, iseh kok uneke ra gelem srawung, ning kowe tak jak mbaur karo koncoku wae ratau gelem ning nang mburi munine ratau dikenalke karo kancaku, piye lehmu arak kenal nek kowe dijak campur wae ora gelem. Aku mung  kepengen kowe ngerti nek aku ki sayang karo kowe, cinta karo koe. dan aku ugo pengen, kabeh pengorbanan iki ki dihargai. Dan aku ugo nduwe konco - konco sing yo kudu tak imbangi, aku butuh mereka naliko aku sambat sebut seneng susah, dan mereka mesty yo butoh aku kanggo ngono kui. Sayangku ki mung nggo kowe, dan sayangku ugo mung kowe. Tulung aku dibimbing dadi wong wedok sing luweh apek dan tulung aku dadi wong wedok sing luweh dihargai.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar